Entri Populer

Senin, 27 Oktober 2014

CONTOH MC JAWA

PRANOTOCORO PENGAOSAN MUSLIMATAN PANCURANMAS


Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu, Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.

Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;
Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;

Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom Bapa Kyai Bunyamin ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;

Ketua Muslimat Desa Pancuranmas dalah para pengurus ingkang kawula hormati
Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam.
Innalhamda lillaah.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.*

...


Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan Muslimatan Desa Pancuranmas nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan Muslimatan Desa Pancuranmasing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :
1. Adicara angka sepisan Pambuka
2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening Ibu Siti
3. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani Ibu Hajah Budiasri
4. Wondene adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatosing pepanggihan dinten punika, nun inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom Bapa Kyai Bunyamin
5. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan Muslimatan Desa Pancuranmas ing dinten punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT.Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dinten punika tumunten kawiwitan.
Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ummul kitab.Kawula dherekaken sumangga. Al fatiihah

Matur nuwun. Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening Ibu Siti Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng Ibu Siti wekdal kasumanggaaken.


Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun.Ugi dhumateng panjenenganipun ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT.Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja.Dhumateng Ibu Hj. Budiasri wekdal kasumanggaaken.

 ... ...

Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken,
Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai Bunyamin .kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan dinten punika.
Anamung saderengipun kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami..
Kawula akhiri
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu
Dhumateng almukarrom Bapa Kyai Bunyami wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

CONTOH MC BAHASA JAWA

Assalamu’alaikum Wr. wb
بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله رب العالمين و الصلاة والسلام على اشرف الانبياء و المرسلين سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين اما بعد
Khadrotil muhtaromin, dumateng poro alim, poro ulama, poro kyai, poro haji hajjah, poro ustadz ustadzah Ingkang kawulo hormati, wabil khusus dumateng panjenenganipun Almukarom KH. Saiful Anwar saking Harjowinangun Tersono ingkang kito mulyaaken lan kito tenggo2 punopo ingkang dados fatwa soho nasihatipun.
Dumateng panjenenganipun Bapak Abdul Manan selaku Ketua Tanfidziyah NU Ranting Desa Tembok beserta banom-banomnya, GP. Ansor, Muslimat Fatayat, Rekan-rekanita IPNU-IPPNU Ranting Desa Tembok ingkang kawulo hormati.

Dumetang penjenenganipun Bapak H. Maryoso, S.Pd selaku kepala Desa Tembok beserta perangkatnya ingkang kito hormati.
Hadirin-hadiro Rohimakumullah.
Sepindah monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten2 kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget bertatap muka, bermuwajahah, bersilaturrakhim dalam kegiatan Selapanan Rutin Rebo Manisan NU Ranting Desa Tembok ingkang mboten wonten alangan setunggal punopo, kanti ngucap Alhamdulillahirobbil alamin.
Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur deneng Nabi Agung Nabi Muhammad SAW, mugi2 kanthi kito ngrawuhi acara meniko saget dadosaken kito termasuk umat ingkang angsal syafaatipun, Amin2 ya robbal alamin.
Hadirin-hadirot rohimakumullah
Sak derengipun acara kito bukak, kawulo minangkani pranotocoro bade maosaken acara2 ingkang bade kalampah meniko.
Acara ingkang sepindah, pembukaan
Acara ingkang kaping kalih, waosan ayat-ayat suci al qur’an
Acara ingkang kaping tigo, prakata panitia
Acara ingkang kaping sekawan, sambutan-sambutan
Acara ingkang kaping gangsal, istirahat
Acara ingkang kaping enem, mauidloh khasanah sekaligus do’a
Acara ingkang kaping pitu-penutup.
Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Ummul Kitab.
لرضا الله تعالى ولشفاعة رسول الله صلى الله عليه وسلم
Matur nuwun, mugi-2 kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal alaim.
Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang bade di waos deneng Al Ustadz Ikrom, dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.
Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi2 saget mempertebal iman lan taqwa dumateng Allah SWT.
Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko prakata panitia, ingkang bade dipun sampeaken deneng .......... dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.
Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun.
Acara ingkang selajengipun, sambutan-sambutan
Sambutan ingkang sepindah, saking Ketua Tanfidziyah NU Ranting Desa Tembok, Dumateng Penjenenganipun Bapak Abdul Manan kawulo summanggaaken.
Maturnuwun kawulo sampeaken.
Sambutan ingkang nomer kaleh, saking Kepala Desa Tembok, Dumateng Panjenenganipun Bapak H. Maryoso, S.Pd kawulo summanggaaken.
Maturnuwun kawulo aturaken.
Acara selajengipun, inggih meniko istirahat,
Kangge ngisi wekdal istirahat, dumateng grup rebana Cagar Seno
Istirahat kawulo cekapaken.
Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng AlMukarom KH. Saiful Anwar saking Harjowinangun Tersono. Dumateng penjenengaipun wekdal sepepnuhnya kawulo summanggaaken.
Maturnuwun kawulo aturaken, mugi2 punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat.
Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten. Akhiron, Wallahul Muwaafiq Iaa Aqwamith Thoriq Wassalamu’alaikum Wr. Wb