PRANOTOCORO PENGAOSAN MUSLIMATAN PANCURANMAS
Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu, Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;
Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;
Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom Bapa Kyai Bunyamin ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;
Ketua Muslimat Desa Pancuranmas dalah para pengurus ingkang kawula hormati
...
Matur nuwun. Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening Ibu Siti Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng Ibu Siti wekdal kasumanggaaken.
Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun.Ugi dhumateng panjenenganipun ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT.Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja.Dhumateng Ibu Hj. Budiasri wekdal kasumanggaaken.
... ...

Para
bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan
muslimat rakhimakumullah. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami
manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah
SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha
kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit
paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam.
Innalhamda lillaah.
Shalawat
saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung
Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para
sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah
pikantuk syafaatipun.*...
Para
Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga
langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji
nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan Muslimatan Desa
Pancuranmas nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula
cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis,
kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun,
keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara
Pengaosan Muslimatan Desa Pancuranmasing titi wanci punika ingkang
sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :
1. Adicara angka sepisan Pambuka
1. Adicara angka sepisan Pambuka
2.
Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang
sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe
kasarirani dening Ibu Siti
3. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani Ibu Hajah Budiasri
4.
Wondene adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatosing pepanggihan
dinten punika, nun inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang
badhe kaparingaken dening almukarrom Bapa Kyai Bunyamin
5. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Hadhirin
wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten
menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan Muslimatan Desa
Pancuranmas ing dinten punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam
menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah
SWT.Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga
dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan
dinten punika tumunten kawiwitan.
Kinarya
murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a
kanti waosan ummul kitab.Kawula dherekaken sumangga. Al fatiihah
Matur nuwun. Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening Ibu Siti Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng Ibu Siti wekdal kasumanggaaken.
Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun.Ugi dhumateng panjenenganipun ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT.Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja.Dhumateng Ibu Hj. Budiasri wekdal kasumanggaaken.
... ...
Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun
kaaturaken,
Tumapaking
adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari
lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa
kyai Bunyamin .kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan
pengaosan dinten punika.
Anamung
saderengipun kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih
pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang
nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra
pangaksami..
Kawula
akhiri
Wassalaamu’alaikum
warahmatullaahi wabarakaatuhu
Dhumateng almukarrom Bapa Kyai Bunyami wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar